LIKE FANSPAGE

Islam Itu Indah

Islam Itu Indah

Raya

FISHING G TO G KOREA TUTUP?

On 10/21/2023


Jeju.Geger berita kaya berita lawas maning gara gara akeh TKI kaburan sing sektor fishing. Sehingga ana sing ngupaih omongan sekirane Fishing G to G korea di tutup maning kaya bengen.sebab kaburan asal Indonesia wis pirang pirang jumlah ning korea.

Sebenere kaburan sing sektor fishing di dominasi pekerja fishing sing menggawe ning lautan ( luruh iwak ) kelawan pirang2 alesan kien lan kuen. Maninge sing menggawe ning fishing darat lan liane melu nyumbang angka kaburan.

Sebenere kaburan dudu cuma ana sing sektor fishing.sing ning manufaktur kabur Ya ana.cuma ora akeh kaya sektor fishing. Apamaning sing menggawe ning lautan. Sing kasus ora bisa menggawe.ora bisa bahasa.mabok kenang di goyang2 perahu. Gaji nunggak lan sejen sejene..

Opsi atawa pilian sejene selain nutup sektor fishing menurut reang selaku pelaku atawa pekerja fisihing wis 1 dekade nggeluti pekerjaan fishing, apa maning sering nangani lan ngrongokaken curhate lan mbantoni pekerja anyar anyar sing bermasalah mending Indonesia niru pemerintah SRILANKA.

Gara gara akeh kaburan lan pekerja fishing bermasalah terutama sing menggawe ning kapal. Pemerintah srilanka kro HRD korea kerja sama G to G sektor fishing khusus selain penangkapan ( kapal ).

Bisa ning tambak darat bisa ning tambak laut,pengepakan iwak,pokoke selain penangkapan.sing resiko kabure akeh apamaning kanggo pekerja pemula sing durung ngalami menggawe ning lautan, sing mabok gratis terus ning duwur lautan gara gara d korog korog ombak ning kapal.

Buktie sekien pekerja srilangka jarang ana krungu masalahe pirang pirang. Ora kaya pekerja Indonesia sing tiap minggu pasti ana sing marani selter marani masjid nggo ngungsi karo marani tempat tempat sejene kanggo njaluk pertolongan.

Kuen salah siji opsi sing menurut reang bisa d terapaken ning pemerintah Indonesia.daripada di tutup total. Sing ngerugiaken pirang pirang pihak.


Wassalam AW

Next
« Prev Post
Previous
Next Post »